Cari Blog Ini

Senin, 25 Januari 2010

GEGER ING SAWIJINING KELAs (1996-1997)

sawijining sekolah ing pinggiran kutha
dumuging ana ing pojokan
kaapit dening laborat lan kantor guru

ing sawijining dina
dina kang aso lan ora patia semrawut
kang biasane kanggo nggarap PR
sing teka siji siji sajake ra kesusu

bareng bel pertama diunikake
piwulang kang paling diwedeni
ana sawijining warta
babagan pengumpulan buku tugas
ana pirang bocah kang keweden dhisik

pak guru aweh kasil ujian
kasile apik apik 6,7,8,9
bocah bocah gumrengenan
babagan kasil ujian

tulisan ing nomer papat
dadi bahasan
isine lucu lucu
kaya ta
Kempot duwe mas Sunu
Kawus duwe mas Tato
Terbukti tidak bisa lan liane

sing entuk 9 dadi bahasan
sapa ta kang entuk 9
Lintang dadi pitakonan
e-jebule mbak Ratna kang ujiane
sebelahe mas Yadi

pak guru dhawuh buku tugas dikumpulake
langsung bae bocah pira maju
ngakoni nek ra gawa bukune
nanging tetep didawuhi njupuk bukune

kayata mas Puji langsung ngepit bali
uga mas Tato, Ugi lan liane
mas Mo-To rada protes
merga umahe adoh
ning pak guru ora owah
sajake mas Mo-To rada bingung
tetepa deknene ndang bali karo mas Abdul

pak guru ceramah
ceritaake sukses nek mbesuke
nganti iso dadi mantune wong agung (apaiya....?)
pak guru dhuwe ide
gawe lomba matematik ing limang kelas

sing do bali teka
ngaturake buku-buku
mas Puji teka dhisik sajak ngontel
liane nyusul

mas Moto teka langsung ana ing mburi
ditakoni pak guru di dhawuhi ning ngarep
mas moto gawa buku sa'dina
dadine ndelah tas dhisik

merga antuk ngendikane pak guru kang lucu
bocah bocah dadi ngguyu
kejaba mas moto

matematika rampung wekdale
cerita iki dadi gumrengengane bocah bocah
mas moto dadi bintang wawancara

deknene crita menawa baline mau
ngojek saka umah (4000=th1996)
marake sebel lan sedih
pak guru kaya ta ra dhuwe rasa
ngedumel sak dina dina

cerita iki lanjut ditanggap
sakkabehe bocah melu nanggap
yo....jelas rame
geger saka ngaso tekan mulih (mulih gasik)
geger ana ing sawijining kelas
tahun 1996